contoh makalah upacara tedhak siten




BAB I
PENDAHULUAN
A.    Latar Belakang
Indonesia inggih menika negari kepulauan ingkang kalebu saking kathah pulau lan nggadhahi macem-macem suku bangsa, basa, adat istiadat utawi ingkang asring kita sebat kabudayaan. Keanekaragaman budaya ingkang wonten ing indonesia inggih menika setunggaling bukti bilih indonesia menika negari ingkang sugih ing budaya.

Mboten saget kita pungkiri, bilih kabudayaan daerah menika dados faktor utama jumenengipun kabudayan ingkang luwih global, ingkang kulina kita sebat kanthi kabudayan nasional. Pramila amargi dasar menika napa kemawon kabudayan daerah bakal sanget pengaruh dhumateng kabudayan nasional, semono uga kosok balenipun kabudayan nasional ingkang sumberipun saking daerah, bakal sanget pengaruh dhumateng kabudayan daerah utawi kabudayan lokal.

Kabudayan inggih menika satunggaling kasugihan ingkang bernilai sanget amargi sak sanese minangka ciri khas saking daerah uga dados lambang saking kepribadian bangsa lan daerah. Amargi kabudayan menika dados kasugihan sarta ciri khas daerah, pramila njaga, mlihara lan ngrekso budaya sampun dados kewajiban saking saben-saben individu, kanthi kata sanes kabudayan menika kasugihan ingkang kedah dipun jagi lan dilestarekne kagem saben-saben suku bangsa indonesia.

B.    Rumusan Masalah
1.     Napa ingkang dipun maksud kaliyan “ Tedhak Siten “ ?
2. Napa kemawon piranti lan perlengkapan ingkan dipun perlokaken ing dalem prosesi “ Tedhak Siten” ?
3.    Kepriye caranipun prosesi “Tedhak Siten” dipun laksanaaken?


C.   Tujuan
Amargi njaga, mlihara lan nglestarekne kabudayan utawi adat istiadat yaiku kewajiban saben-saben individu. Ing sisih liyane adat istiadat utawi tradisi ingkang dados ciri khas saben daerah wiwit sekedik ical kanthi wontenipun budaya modern.

Pramila kita nyobi nyusun makalah menika ingkang judulipun Tedhak Siten ingkang ing dalemipun mbahas tentang adat istiadat bangsa kita utamanipun asring dipun agem ing dalem adat jawa. 

Penyusunan makalah ingkang judulipun Tedhak Siten menika tujuanipun supados pewaos mangertosi bilih bangsa kita nggadhahi budaya ingkang unik lan menarik ananging akhir-akhir menika kita jarang nemokaken adat istiadat menika, sarta supados kita nyadari bilih njaga lan nglestarekne kabudayan daerah yaiku kewajiban saking saben tiyang.












BAB II
PEMBAHASAN

A.  Pangertosan

Tedak siten inggih menika bagian saking adat lan tradisi masyarakat jawa, upacara menika dipun tindakaken kangge bocah ingkang nembe pertama sinau mlampah utawa pisanan ngidakaken ing lemah lan mesti ditenggo-tenggo kaleh wong tuanipun utawi kerabat.
Tedak siten asalipun saking kaleh kata " tedhak" berarti nampakaken kaki lan “siten” asalipun saking kata "siti" ingkang artinipun bumi, upacara menika ditindakaken nalika bocah umuripun 7 wulan lan wiwit sinau mlampah ing lemah, dados upacara menika tujuanipun supados bocah menika saget mandiri ing masa depanipun.

B.   Uborampe Upacara Adat Tedak Siten lan Maknane

Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
a.     Pari sabengket
b.    Kapuk sabengket
c.     Piranti nulis
d.    Bokor kang diisi beras kuning
e.      Werna-werna jinis dhuwit
f.       "Perhiasan"
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
5. Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
6. Tangga tebu "arjuna", ya iku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké  undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, ya iku abangputihirengkuningbiruungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
8. Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.

C. Tatacara Upacara Tedhak Siten

1.    Gemblong, wajik, jadah kang diwadahi godhong gedhang ditata jejer, lajeng andha disenderake ing sandinge kurungan. Lan ing salebeting kurungan mau dileboni tampah kang isi bolpen, beras, perhiasan, bedak, sisir, jajanan, kembang, kaliyan duwet.
2.   Bayi dituntun mlampah ing sakduwuring gemblong, wajik, jadah mau dening bapak/ibu.
3.   Lare dituntun manjat  andha cilik kang digawe saka tebu ireng sing cacah anak andhane pitu.
4.   Lajeng lare dilebetake ing kurungan, sing njerone ana tampah  isi bolpen, beras, perhiasan, bedak, sisir, jajanan, kembang, duwet.
5.   Lare diken milih salah sawijining alat-alat mau.
6.   Yen wis rampung milih bocahe ditokke saking kurungan mau.
7.   Terakhir wong tuane nyebar duwit receh ing latar lan di jupuki marang tangga teparone.
8.   Lajeng mbagiake slametan bubur cadhil kaliyan golong rolas.
Tata cara punika mboten sembarang tata cara, saben tata cara nduweni teges kang becik lan agung. Inggih punika, lare dituntun nglampahi siti lajeng samparane diwisuhi toya resik werdinipun inggih punika sampun wekdale anak kangge sinau ngadek, mlampah ngenali siti kanggo midaking sikil.
Salajengipun anak dituntun kangge nglampahi gemblong sing cacahipun wonten pitu kang werdinipun menawi lare sampun ageng saged ngatasi werna-werna masalah ing saisining ndonya.
Lajeng anak dituntun munggah andha tebu kang disusun pitung ambal utawi asring kasebut tebu arjuna lajeng dibopong bapake sakdhuwur-dhuwure werdinipun saged sukses lan selot sukses ngantos saged tekan pucuk, langit sapitu. Munggahing tekan pucuk keagengan punika amesthi wonten campur asthanipun wong tuwa kekalih.
Saklajengipun,larenipun dipun lebetaken wonten kurungan ayam ingkang werdinipun supados bisa dadi tiyang ingkang mboten ninggalake agama-adat budaya-lan tata krama lingkungan wonten ing kurungan menika sampun diparingi werna-werna isian ingkang badhe dipun pilih dhateng lare, amargi barang-barang ingkang dipun siapake tegese sae kados bolpen, beras, perhiasan, bedak, sisir, jajanan, kembang, kaliyan duwet lan sak sanesipun. Barang – barang sing dipilih bayi mau nemtoake bocah mau pas wis gedhe bakal dadi apa. Kayata pengusaha, juru tulis, tukang rias, sugih lan sapanunggalane. Conthonipun bayi niku ngraup gabah, werdinipun mbesok gedhe bakal dados tani kang sukses.
Lajeng golong rolas kaliyan bubur cadhil mau di bagiaken, tegesipun supados larenipun purun bloboh kaliyan padha-padha manungsa, isi tumpeng menika anggadahi teges piyambak-piyambak. Nyebaraken arta receh lan beras kuning iku tegesipun putranipun dados tiyang kang remen bebrayan lan nulungi tiyang kang susah.
Sak menikane golong rolas, bubur cadhil saka ketan. Tegesipun putrane niku lahir saking getih,daging, lan balungipun wong tuane. Jadah pasar kayata jajan-jajanan sing disusun wonten ing sakdhuwuring nampan tegese yen urip teng donya niku wonten warna warni kauripan lan kedadean apik lan susah ning donya niki.


D.  Wektu Lan Panggonan Tedhak Siten

      Ing wektu bocah umur pitung selapan utawa 245 dina. .Selapan Apa kombinasi pitung dina miturut Kalèndher internasional lan tanggalan Jawa.Oleh limang trep amarga selapanan dumadi saben 35 dina. Bisa tiba ana Legi, Paing Selasa lsp. Nganti upacara iki ing Timur luwih dikenal minangka Piton-Piton.

Biasane upacara dianakaké ing esuk mau padha tedak tuwane kaca ngarep rumah.Sakliane bocahé, kaki-nini lan para pinituwa padha diajeni tamu, saliyane kanggo sederek cedhak nggeh diundang.















BAB III
PENUTUP
A.  Kesimpulan
Suku Jawi inggih menika suku ingkang nggadahi macem-macem kabudayan, wiwit saking adat istiadat saben dinane, kesenian, acara ritual lan sapanunggalanipun. Salah satunggale nggih menika budaya Tedhak Siten ingkang biasanipun dipunlakokaken mangsa bocah umuripun 7 wulan lan kaping sepindah mandhap lemah.
Kanthi tujuan-tujuan ingkang bernilai sanget spiritualis lan kebak kanthi pangarepan inggil sedaya menika mbuktekaken bilih suku Jawi khususipun yaiku suku ingkang njunjung masa depan bangsa.

          Lan dadi metu ana upacara khusus ing Jawa pisanan anak ngandhap lemah. menika adat utawi pakulinan masyarakat pribumi karo tingkat jawa.Sehingga spiritual kuwat saka sing ana budaya unik lan menarik sing kita kudu bangga lan kita jaga.

B.  Saran
Budaya utawi adat istiadat daerah yaiku faktor utama jumenengipun kabudayan nasional, pramila sekabehane sewiji-wiji ingkang kedadosan maring budaya daerah bakal sanget mengaruhi budaya nasional.
 Saking ulasan menika, kita sedaya nggadhahi jejibahan kangge njagi, mlihara, lan nglestarekaken budaya lokal, daerah, lan nasional, amargi budaya inggih menika bagean saking kepribadian bangsa.











DAFTAR PUSTAKA





























LAMPIRAN

download (1)

1-11            download

tedak-siti

Comments

Popular Posts